Paraga lan Watak Wonten Ing Cariyos "Damarwulan"
1.
Damarwulan
·
Bekti marang nagari
Damarwulan : “ Diajeng, lungaku ing Blambangan iki udu pariwisata,
nanging nyangkul jejibahane bangsa numpes reretuning Majapahit. Mesthii bakal
akeh bebaya... lha kok si adhi kepengin melu ki kepriye ta?
·
Kendel
Damarwulan : “Bisa nglangkahi kunarpaku mbok menawa lagi klakon. Hayo
tandhingana aku!
2.
Minakjingga
·
Umuk
Minakjingga : “Sak unimu! Dak ladeni kene. Yayi sakloron, mlebua menyang
kamarmu. Tak tandhingane bocah gemblung kae!”
3.
Ratu Kencana Wungu
·
Wicaksana
Kwncana Wungu : “Cukup! Patih Logender lan sira Adipati Menak Koncar. Ora
mungguh yen ta para sesepuhing praja Majapahit padha rerebut bener saka
penemune dhewe-dhewe. Iki parepatan agung ing ngarsaku sang prabu putri Kencana
Wungu. Majapahit ora butuh pasulayane para nayaka praja, ning mbutuhake
pamrayogane kepriye anggone mrantasi perkara iki. Ingsun kang arsa menggalih
katentreman ing Majapahit iki.”
·
Adil
Kencana Wungu : “Cukup! Ingsun wes netepake yen ta Damarwulan tandhing
karo Seta Kumitir. Sapa kang unggul jurite iku kang jujur.”
·
Prasetya Marang Janji
Kencana Wungu : “...Lan Ingsun wis prasetya, sapa kang bisa numpes
Adipati Minakjingga bakal glungguhi dhampar kencana Majapahit lan aku bakal
nyuwitani wong priya mau.”
4.
Dayun
·
Culika
Minakjingga : “Yung yung yung yung kurang ajar kowe dayun. Aku mbok
apusi...”
5.
Angkat/Ongkot Buta
·
Bekti marang raja
Angkat/Ongkot Buta : “Sendhika dhawuh Gusti Prabu”
6.
Patih Logender lan Menak Koncar
·
Ksatria
7.
Waita lan Puyengan
·
Seneng tetulung
Puyengan : “Menawi mekaten kisanak, kula kekealih purun mbiyantu kisanak
ngantos kasiling sedya.”
Waita : “Inggih kisanak...Kula lan yayi kula purun ndherek panjenengan.”
8.
Layang Seta lan Layang Kumitir
·
Ora nuhoni
Layang kumitir : “Damarwulan, piye-piye aku tetep ora trimo yen panjenengan
sing bakal dadi ratu ing Majapahit.”
9.
Tunggul Manik
·
Tunggul manik : “Iya ngger, tak tampa, samurupa
sira mau wis wis tumekane pati dicidra odening Layang Kumitir. Rahayune aku
bisa maluyakake kowe, Ngger. ..”
Komentar
Posting Komentar